Selasa, 23 Oktober 2012

Wedang Kolkas


Pertama kali aku dolan ning kota, aku ki jan awam tenan ramudeng opo-opo. Nganti sok kadang aku ki ramudeng aku iki sopo. Ket jaman cilik ki aku mung kepikiran tujuan uripku mung siji, ngenteni Mas ku kandung lahir. Soale aku kesepian randuwe konco.

Lah dino kui aku mlaku mlaku ning daerah dinggo pejalan kaki sitiwok, dan aku nemu warung es. Ket cilik cangkemku ki rung tau klebon banyu es, soale neng ndesoku raenek sing nduwe kolkas.. Mentok-mentok ngombe oralit wae wes nikmat tenan.

Yowes tanpa basa basi sidane aku golek warung sikil limo, terus nyobo tuku es ning kono.
Waaaah!!! Jan! Jebule mimik es teh ki enak tenan yo! Ket ndisik cuma ngerti seko cerita turun temurun, tibak'e iki to rasane wedang kolkas. Jan glamor tenan! Trenyuh atiku. Krongkonganku rasane koyo diglondori salju.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar